Senin, 03 Agustus 2020

Kirab jawa

 Yahning yahning talaga kadi langit
mambang te pas wulan umpama nika
Oooooo...
intang tulya kusuma yana ya sumawur
Eeeee.. eeee...
Kirab Ageng Sri pinanganten kekalih, kairing ketawang Langen Gito Sri narendro



Reguk regeng hamrebowo, Risang Temanten sarimbit, Arsa jumangkah saking wiwara pawiwahan.. pinapag sang suba Manggala Arsa jengkar tilar pawiwahan.. kinirapaken ngulati Wahyuning jodo.. binayang bayang sirna kamanungsane..

Lir dewaning kabagyan Arsa nganglang Bawana nganglangi langening Langen.. ramyang ramyang  katongton kenyare hanuksmeng sasi, tanda wus kasipatan Wahyuning jodo Jatmiko.. hamrebawa Handayani warata sanggya kang hanjenengi kadya antuka gempalaning Nugraha..

Sinten ta ing ngarsa asung tulada, ingkang minongko pramukaning lampah, busana lir panewu mantri.. Mataya ngrantaya Kadi angganing Senopati.. lah menika ta warnaning sang subamanggala ya sang Manggala suba.. dasar pidegsa Sarwa sembada.. maksih muda tumaruna.. wimbuh hambeg Susilo hanorogo.. lebda reh wileting beksa.. lampah ngrantaya nganut rarasing wirama.. hanggung kendel tindake sapecak Mangu sapecak tumuleh.. tansah kadriya marang tembene winisudo, sandeyo menawa kasandunging rata.. kabentusing Tawang towang..


Sinigeg gantya kang cinarita, sinten ta ing madya Mangun karsa.. kang busana lir raja kabiwada, lah punika ta ingkang dados mustikaning karya.. memaniking Kondo.. jatining kang rinenggo.. sang Temanten kekaleh bagus.. Kaliyan Rara..


Lumampah kekanten Asta, keket raket renggang gula.. kumepyur pulot.. kekalihnya sajak lingsem nanging suka.. hanggung reremetan Asta.. graita Yen sedoyo tamu boten wonten ingkang pirso.. kejawi pangandaliwara.. dasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan .. marma sakedap sakedap hangunjal huswo hanggeget lati kerana tansah kadriya kang ginupit mangke ing tilamsari


Ingkang kepareng Tut Wuri Handayani, lah punika ta ingkang Hamengku karya sarimbit garwa.. hangliring kanan kering sajak Sarju katuju ing penggalih.. dene katinggal sami Suko marwoto suka.. bombonging penggalih prasasat boten kenging pineta ing basa.. Sewu Bagya dadio sajugo..




Ingkang Romo ibu.. dalah pengantin kekalih.. sampun prapteng wonten ungguhan kang tinuju..

Doyo doyo Arso, lenggah wonten ing dampar Kencono.. ingkang samangkyo, hanganti Poro pepunden.. Poro sesepuh.. Poro pinisepuh.. Poro tamu sutrisna Kakung miwah putri..

ingkang dahat kalinggo murdaning akrami.. wonten ing sasana pawiwahan, sampun kersa rawuh kempal manunggal.. beg amblabar wonten ing sasana pawiwahan gedung bapra Cilandak marinir kko ..

Arsa Doyo doyo paring pandongo Pangestu.. marang Sri pinanganten kekalih.. Mugi Mugi, pandongo Pangestu, panjenengan Sedaya.. saget nglumantaraken pengantin kekalih..

Hanggenipun Mangun bebrayan tansah pepayung Budi Rahayu.. tansah kinembeng ing Kamulyan.. tansah kinembong ing karaharjan..

Para tamu sutrisno Kakung miwah putri..
Mekaten kirab temantin kekalih, sampun paripurna.. ingkang Romo ibu dalah pengantin sawetawis Arsa foto sesarengan. Sak sampune acara foto paripurna monggo Arsa lenggah wonten ing dampar Kencono.. Kanti suko Sasmita..

Mugi Mugi, ingkang Hamengku karsa tansah.. tetepo winengku ing Suko Basuki.. cekap semanten atur Panyandra Kula .. jenang selo wader.. pari sesonderan.. Yen Onten lepat tutur Kawulo, nyuwun gonging Sewu pangaksomo.

Suraaa dirajaya Diningrat.. lebur dining Pangastuti..

kawula nuwun..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar